Tuesday, November 20, 2012

MENTOK

Selasa, 20 November 2012


sakdurunge aku njaluk ngapura, Blour. coretanku sek iki bakalan ora pati penak disawang. ha kepiye meneh nek kowe wis mulai angel percaya karo kanca-kancamu dhewe?

pancen sih iki perkara sepele, perkara sek ora luwih penting tinimbang UNAS apa SNMPTN apa, apa waelah sek itungane urip-mati. TAPI iki penting banget nggo aku, iki tentang kepercayaan. saiki aku arep takon wae wis Blour. nek seumpamane kowe ngerti rahasia apa tentang kancamu kowe bakal kepiye? bakal ngumbar ora? bakal sakpenakmu dhewe leh mu ngumbar ora? bakal njaluk ngapura ora? ngapuramu bisa nggawe ayem swasana ora? piye? piye? rasah perlu mok jawab Blour. nek aku sih bakalan meneng wae. hayo ngapa sih aku ora ngejarne wae kaya apa anane? nggolek perkara e senengane -_-

pertamane sih aku fine-fine wae gek pas ngerti ana sek beda seka gelagate kancaku, tapi mbasan wis ngerti nyatane... wis. UWIS. aku tak bali wae nek ngene iki carane. arep kowe njungkel-njungkel ya kana. kaya kowe ora nggawe utekku njungkel wae. gampang ta?

apa meneh gek pas ana sek ngomong karo aku, yoooo...walaupun wong e kuwi wis ngerti tentang rahasiaku, tapi lak sek penting DE'E NGERTI SEKA AKU DHEWE. ora seka wong liya, ora seka sumber sek ora tak lilani. even if sumber e tak lilani, tetep wae to kudu ijin? haruse kudu ngerti kode etik e njaga rahasia mbok arep kowe (sumber) ngerti nek sek arep mbok ngenei ngerti kuwi kanca cerakku. aku luwih milih aku ngandani rahasiaku dhewe mbangane liwat lambene uwong liya. mbuh sapa kuwi.

miris ora ta Blour nek awale aku wis mikir aku bakal nyoret tentang iki dan rencanane arep nulis "untung aku igeh nduwe kanca kaya ngana (ngerti kode etik)" eeh ndilalah kok ya nggawe gela. aku ra kuat. padahal nek aku sih mikire ngene Blour, seumpamane aku bakal ngomongke rahasia sek aku karo kowe wis ngerti Blour...aku bakalan tetep ndelok-ndelok kahanan kok, bakalan ndelok ana sapa wae sek neng sekitare awakdhewe. nek ana uwong sek rareti lak rasah diomongke..iyo ora Blour?

iyo aku reti nek aku ki kekanak-kanakan nek kaya ngene iki, aku reti aku egois, tapi iki aku. aku muk butuh wektu wae kok nggo ngilangi getun, nggo nrima nek kahanane wis beda karo sek seharuse. kabeh ki lancar-lancar wae, banjur aku reti kaya ngene? ngerti ora sih rasane ngerti rahasiamu dingerteni uwong dan kui dudu seka kowe dhewe?? aku igeh pengen kekancan.

No comments:

Post a Comment